About

TEMBUNG TANGGAP LAN TEMBUNG TANDUK

Gatekna : 



      Katrangan : 

A. Tembung tanggap (kata pasif) yoiku tembung mawa ater-ater tripurusa . ater-ater tripurusa ana 3 macem yaiku dak- , ko-, di-
tuladha : 
  • dakpangan  =  dak- + pangan
  • kopangan    =  ko-  + pangan
  • dipangan     = di-  + pangan
B. Ater-ater tripurusa iku minangka sesulih (gantine) purusa.
  • Ater-ater dak- minangka sesulihe purusa I (kata ganti pertama). ater-ater dak- diarani uga ater-ater utama purusa.
  • Ater-ater ko- minangka sesulihe purusa II (kata ganti kedua). uga diarani ater-ater madyama purusa.
  • Ater-ater di- minangka sesulihe purusa III (kata ganti ketiga) . uga diarani ater-ater pratama purusa.
C. Tembung Tanduk (kata aktif) iku tembung kriya mawa ater'' anuswara, apadane tembung kriya tanpa ater-ater.
Tuladha :
  • Turu
  • tuku
  • gawe
  • nyapu
  • mangan
  • nulis
D. Ater-ater anuswara iku ater-ater swara irung, yaiku m-, n- , ng- , lan ny- .
tuladha : 
  • m-  + pangan     = mangan
  • n-   + tata          = nata
  • ng- + karang     = ngarang
  • ny- + cathet      = nyathet
E. Tembung tanggap i-kriya iku tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) mawa panambang -i.
tuladha :
  • dakpakani
  • kosilihi
  • digoleki
F. Tembung tanggap ke-kriya iku tembung kriya tanggap (kata kerja pasif) mawa panambang -ake.
tuladha : 
  • dakpakakake
  • kosilihake
  • dibalekake
G. Tembung tanduk i - kriya iku tembung tanduk kriya tanduk (kata kerja aktif) mawa panambang -i.
tuladha :
  • nyilihi
  • makani
  • ndudani
H. Tembung tanduk ke-kriya iku tembung tanduk (kata kerja aktif) mawa penambang -ake.
tuladha :
  • nyilihake
  • ngetarake
  • ngarangake
------------------------------------------------------------------------------------------------------------

Matur suwun
Terima kasih


'; (function() { var dsq = document.createElement('script'); dsq.type = 'text/javascript'; dsq.async = true; dsq.src = '//' + disqus_shortname + '.disqus.com/embed.js'; (document.getElementsByTagName('head')[0] || document.getElementsByTagName('body')[0]).appendChild(dsq); })();