About

UKARA TANDUK LAN UKARA TANGGAP

Gatekna 



Katrangan :

A. Ukra tanduk (kalimat aktif) iku ukara sing jejere nindakake pagawean.
tuladha :
  • Rini mbukaki bukuku
  • Pak guru mriksani garapanku
B. Wasesane ukara tanduk arupa tembung kriya tanduk
C. Ukara tanggap(kalimat langsung) iku ukara sing jejere dikenani pagawean.
Tuladha :
  • Bukuku dibukaki rini
  • Garapanku di priksani pak guru
D. Wasesa Ukara tanggap arupa tembung kriya tanggap.
E. Ukara Kandha (kalimat langsung) ku ukara sing ngandhakake omongan liyan kanthi persis.
Tuladha
  • Pak masduki dhawuh, "kelas enem kudu bisa dadi contone kelas ngisore."
  • Rini takon marang lastri, "sapa sing mlaku bebarengan karo kowe?."
  • "aku durung mangan," kandhane Budi.
F. Ukara crita (kalimat tidak langsung) iku ukara sing nyritakake omongan liyan mungsarine/ringkese bae.
Tuladha :
  • Pak masduki ndawuhi kelas enem supaya bisa dadi contone kelas-kelas ngisore.
  • Rini nakoni lastri bab sapa sing mlaku bebarengan karo dheweke (setyawati).
  • Budi kandha menawa durung mangan.
G. Ukara kandha bisa didadekake ukara crita. Ukara crita bisa didadekake ukara kandha. satitekna tuladha-tuladha ing ukara a lan b ing dhuwur!.

------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Gatekna :


Katrangan :
A. Ukara lamba (kalimat tunggal) iku ukara sing medharake gagasan mung siji.
tuladha :
  • Tini tuku sepatu
  • paimin nunggang jaran
  • Pak wisnu dihajar sega soto.
B. Ukara camboran (kalimat majemuk) iku ukara sing medharake gagasan luwih saka siji. Ukara camboran iku rangkepane ukara-ukara lamba.
tuladha :
  • Adhike koma, nanging mbakyune cethil.
  • Yudi nunggak kelas amarga kesed anggone sinau.

------------------------------------------------------------------------------------------------------------

Matur Nuwun / terima kasih

WASALAMUALAIKUM WR,WB


'; (function() { var dsq = document.createElement('script'); dsq.type = 'text/javascript'; dsq.async = true; dsq.src = '//' + disqus_shortname + '.disqus.com/embed.js'; (document.getElementsByTagName('head')[0] || document.getElementsByTagName('body')[0]).appendChild(dsq); })();